Wektu iku Wulan Juni 2011, dina lan tanggale aku lali. Aku lagi ana tugas ngukur ing perkebunan ing Kabupaten Madiun. Koyo biasane, budal esuk mulih sore, mlaku sikil, munggah gunung, medun gunung, nyeberang kali... lan sing gak koyo biasane aku tau dientup tawon neng endas karo boyokku. Jebul wong loro iku gak enak...Pas wayah sore mari ngukur, aku mulih ing base camp karo konco tim mlaku sikil. Lumayan adoh, embonge ugo isih makadam. Isih mending, neng titik liyane kudu mbrangkang karo gondelan opo wae sing iso dicekel. Nanging, mergo adoh yo masio embonge enak tetep ae bongko.
Neng njero kebun iku ono monumen rute gerilyane Pak Dirman. Aku mbayangke wektu iku Pak Dirman keno serangan tuberkulosis nanging isih gerilya karo bareng pengikute. Mungkin embonge gak sepiro apik koyo sakiki.
Aku rasanan karo mas Hadi koncoku, “Mas, riyen jamane Pak Dirman tiyang-tiyang mlampahe ndak nggih cepet..?” “Mesthi ae mas, wong karo dioyak Londo..”, jawab mas Hadi. Aku banjur takon, “Nek misale awak dhewe urip neng jaman iku, kiro-kiro bakal bergerilya karo Pak Dirman opo malah dadi pengecut sing ndelik neng ngisor longan..?” Jawabe mas Hadi, “Yo wis seje jamane mas....”
“Berarti tugase dewe ngisi kemerdekaan iki. Ojo nganti kemerdekaan sing ditebus soko tetes getih poro pejuang iku disia-siakke. Terus yo opo pejabat-pejabate dewe sing podo korupsi. Opo bobote dibandingke karo pejuang-pejuang wektu iku... Gak ono opo-opone. Masio tumpakane sedan sing regone milyatan, omahe gedong magrong-magrong susun pitu likur, tapi deweke iku mung sampah. Ambune luwih gak enak ketimbang endok pitik sing bosok. Wong sugih kok podho ngenthit duwit rakyat. Kanggo aku, luwih terhormat tukang becak sing jujur utowo pemulung sing ngorek-ngorek neng tempat sampah nanging gak seneng karo barange uwong”, aku ngomong karo rodo emosi. Masalahe saben nonton tivi ben bengi beritane mung pejabat korupsi kabeh. Kapan le mikirke rakyate.....?
“Aku wis tau ketemu karo pejuang veteran. Sebagian koncone sing sak-iki isih urip ono sing kelangan tangan karo-karone, pincang, lan werno-werno maneh...” Tambah mas Hadi.
Krungu iku getihku tambah umop, rasane gak karu-karuan. Nanging yo opo maneh. Awak dewe gak iso lapo-lapo. Dadi rakyat cilik isone yo mung gawe opo ae sing iso manfaat kanggo negeri kang kinasih iki.
Mulakno, soko cerito iku aku ngajak sopo ae sing sadar supoyo podo ngregani perjuangane poro leluhur. Gawe opo ae sing iso manfaat kanggo Indonesia iki. Gak usah podo ngendelke pemerintah, engko ndak kesusu kiamat awak dewe durung lapo-lapo. Wong Indonesia iku pinter-pinter. Mung pemerintahe ae sing g*****. Wis akeh cotone kok. Ono guru sing gelem ngajar murid-murid neng pedalaman tanpo dibayar opo-opo, ono sing mbangun pembangkit listrik soko kincir air neng deso-deso sing durung kelebon listrik PLN, lan sak piturute. Mugo-mugo karo sing kuwoso ditulis dadi amal kang apik. Amin...
<surabaya juni=""></surabaya>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar